PAGEBLUG (3)

Geguritan dening: Kun Prastowo Pageblug iki kanggo nodhi tekan ngendi menepe ati....!!! Nora lanang nora wadon nora sugih nora sekeng nora pangkat nora mlarat Geger walik watu ketrajang wisa wengis; pageblug njiret pati Tintrim.... suwung.... samun.... Tansaya melang-melang tundhone bakal kapracondhang, tansaya samar tundhone bakal wigar, tansaya wedi tundhone bakal nemahi. Ajrih....?! was sumelang....?! tidha-tidha....?! ruwaten ing pojoke pengangen muga dadi rabug tentreme ati. Ojo kaya sulung mlebu geni; marani bilahi kebidhung rasa nyrimpeti janji minggir..... sumingkir.....!!!! Sekar wangi ngrembaka ing telenging ati, lenga dami ngambara mrepegi wiyati. ..................... ngranggeh kasarasan, mboyong karaharjan. Leren..... lerem..... sidhem premanem..... ati lan samubarang polah kudu mandheg: greg....!!!! Datan mobah, datan mosik sumungkem amari kelu nuhoni sumarahe ati suci. Dikumbah..... digirah..... diwasuh..... kareben resik semilak padhang. Kae sawangen; Kyai Semar Badranaya wus memba wedhus gembel ing langit merapi, asung pralambang; esem tan samar bebadra tatanan penguripan anyar. Dhuh, Gusti Sang Maha Nasa nyuwun welas nyuwun wilasa ...................... (Kandangsapi, 290320; pamoring sukma manengku puja)


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA


PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

Sendang, Kec. Wonogiri


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


1

16896

610

16896

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
SUKAMTO PRIYOWIYOTO, S.H.
  • KEPALA DESA

post-title
AGUNG SUSANTO, S.E.
  • SEKRETARIS DESA

post-title
DWI HANANTI
  • KASI PEMERINTAHAN

post-title
SARI RETNONINGRUM
  • KASI KESEJAHTERAAN

post-title
EDI SUMINTO
  • KAUR UMUM & PERENCANAAN

post-title
SUTANTI
  • KAUR KEUANGAN

post-title
HENDRA SETYAWAN, S.I.Pust
  • KASI PELAYANAN